"salah satu amal yang tidak akan putus pahalanya meski manusia telah meninggal dunia adalah ilmu yang bermanfaat"

Pasrah Panganten Kakung II

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
Kasugengan saha sih nugrahaning gusti ingkang maha asih, mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sedaya.

Kairing kasugenging pakurmatan, Ibu saha Bapak (Slamet Subakti), tuwin para putra-putri, dalasan sagung kaluwarga, miwah para rawuh.

Nuwun, keparenga matur, minangka sesuluhipun Ibu saha Bapak (Gatot Prakasa, S.Ag), sakluwarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung , Jaya Dinata katur Ibu saha Bapak (Slamet Subakti).

Wondene kamlampahanipun makaten: kala wau wanci pukul (02.30), panganten kakung kula pendhet saking dalem (Jl. Raya Banyumanik angka 20) kanthi kairing para sesepuh, kaluwarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem (Jl. Krapyak angka 45), ngriki kalayan gangsar saha gancar.

Pramila ngembun serta ngemban wigatosing sedya, keparenga ing samangke panganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katu Bapak (Agus Salim), ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak (Slamet Subakti), cundhuk kaliyan lampahing upacara manika.

Wasana kula nyuwun pangaksami bok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning panggalih.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Pasrah Panganten Kakung I

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh myang pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Sumawana sanghyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu pantes kinurmatan.

Keparenga langkung rumiyin kula hangunjukaken puji dalah syukur sahandap pepadhaning gusti ingkang maha agung, dene sampun kepareng hamirahaken kakiyatan tuwin kawilujengan dumateng kula sakadhang satemah (sainggo) widodo anggen kula lumarab ngabyantoro wonten ngarsa panjenengan sedaya.

Kalilahana atur kula salajengipun katur wonten ngarsa panjenenganipun (Bp Burhan) ingkang tuhu kula bekteni.

Kula pun (Fathin) cumantaka lumarab atur wonten ngarsa panjenengan. Nuwun inggih lebet anggen kula dinuta dening panjenenganipun (Bp Hartanto) ingkang lenggah pidalem ing tlatah (Temanggung). Ingkang supados:

Sepisan, hangaturaken kasugengan saha salam taklimipun (Bp Hartanto) sakeluarga, mugi katur ing ngarsa panjenenganipun (Bp Burhan) sakeluarga.

Ingkang angka kalih, nuhoni rantaman ingkang sampun gumalang giling ing antawisipun priyagem ingkang samio bebesanan. Kula kepareng hanglarabaken sowanipun calon panganten kakung ingkang apeparad dimas bagus (Herdika Atmaja) kakungipun (Bp Hartanto) ing (Temanggung). Kanthi panyuwun supados kadaupaken kalian atmaja putrinipun (Bp Burhan) ingkang asesilih Nimas ayu (Esthi Hayuwati) ing pangentinipun sampun dungkep ing titiwanci jer calon panganten kakung sampun siyaga lan rumanti ing pakarti, ingkang punika sumangga calon panganten kakung kula aturaken. Sinartan ing puja-puji sesanti jaya-jaya dwi pantara, widada mulya ingkang sinedya.

Ingkang wasana, kirang trep silaning sowan kula sumrambah sanak kadhang pangayabing calon panganten kakung, punapa dene wonten kithal kuciwaning anggen kula matur ing rehing dinuta, keparenga panjenenganipun (Bp Burhan) paring agunging pangaksami. Minangka panutupin atur kula.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Nuwun.

Baca juga

Kerja Sambilan Mudah dan Halal di Survei Online Berbayar #1

Mendapatkan bayaran dari mengisi survei sudah bukan hal asing . Lebih dari 70% orang online untuk mengisi survei . Mereka biasanya menj...